Puisi Jawa ( geguritan ) kanggeh guru
Puisi jawa untuk guru
Pamulangan
Puisi jawa untuk guru
Pamulangan
Jare simbah aku kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah
Jare rama ibu aku kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat
Jare bapak ibu guru aku kudu sinau
Tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju
Nanging
Prakanca......
Coba delenga kahanan nyata
Apa isih pamulangan kang ana dadekake urip tumata
pamulangan kang tanpa tuladha
pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta
siji lan siji ana piro?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa meneh tata krama
lali dosa......
Kabeh luruh binarung kamalungkung
pamrih pamuji sisi
pamulangan ora aweh pepadang
Simbah
Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper
Rama
Nyadong duka
Kula mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
kang panggah mlarat sekarat
Bapak ibu guru
Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu